Ati Kang Kekandha
Ati Kang Kekandha
Tresna ing madhyapada tuwuh tanpa deduga,
tan bakal kekandha nanging mlebu jroning rasa
Wingko katon kencana, kencana katon wingko
nalika jalma wus katekan yeka
Saklebat netra ra bisa muspra
sakecap wicara mung tansah sira
Pasuryan kang mawela
tansah agggawe lena
Tetesing ludira, oncating nyawa
bedholing sukma durung bisa kandha
rasa kang nitis ing dada.
( .... dan Bathari Kamaratih pun hangejawantah.... )
Dasan, Korea Selatan. Surya Kaping, 01 Juli 2010

0 komentar:
Posting Komentar