Pralambang
Pralambang
Swasana kang atis, Grimis wus samsoyo deres
tumetesing banyu tawang tan kaya ora bisa dibendung
Bumi ora luput ketiban udan, katon teles lemah kang garing
Semripit angin nambahi adheming sore kang pedhut
Mobat-mabit gegodhongan ning wit prithil siji mboko siji
Mephes gegayuhan kang nate subur ngrembuyung,
aggawe pupusing ati naliko katinggal kinasih
Kaya salembar godhong gogrog, tansah urip ijen
Gemlethak, katherak, kelangan ageman
Yen oleh milih pengen bali nyawiji tresno,
dadi perangane wit kang bebarengan sanak kadang
ananging sambato ngaru oro tansah ora ono sing nggape
Mega mendung ora bisa ngiyubi bathin kang karemet ing wayah sore
....................................................................................

Sore meh enthek, bengi wiwit nggremeti bumi,
lampu-lampu ing dalan wes padha murup
Mendhung isih angendanu,
sajak melu ngrasake nggrantesing ati.
Mripatku nyawang kadohan neng nduwur
Peteng…! peteng…! mangkono sawijining pralambang
Pralambang panguripan kang tansah dadi wadi
Pralambang sing mesthi wae kudu takonceki dhewe,
kang embuh nganthi kapan ora ngerti
Amargo urip kudu tansah mlaku.
Judul terinpirasi dari cerpen Ardini Pangastuti

0 komentar:
Posting Komentar